Dekorasi Siraman Adat Jawa Maupun Sunda
Siraman iku salah siwijiné rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sedina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing bagéyan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ingtaman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.